Ngumbah Kucing

Wonokairun tuku rinso ndhik tokone Bunali.
â€oeMbah, kok dengaren sampeyan umbah-umbah dhewe ?” takok Bunali.
â€oeAku katene ngumbah kucing” jare Wonokairun.
â€oeGak salah tah Mbah.” Bunali bingung.
â€oeIyo soale kucingku akeh tumane.” Jare Wonokairun.
â€oeWah yo isok mati kucing sampeyan Mbah” Bunali ngilingno.
â€oeLho koncoku wingi ngono, yo gak opo-opo” jare Wonokairun.
Mari mbayar, Wonokairun mulih katene ngumbah kucinge.
Sisuke, Wonokairun teko maneh ndhik tokone Bunali kate tuku rokok.
â€oeYok opo kucing sampeyan Mbah ?” takok Bunali.
â€oeKucingku mati â€oe jare Wonokairun.
â€oeLho lak temen tah. Sampeyan iku tak kandhani gak percoyo. Laopo kucing atik
diumbah ambek rinso, wong onok obat tumo” jare Bunali nyeneni.
â€oeKucingku mati gak mergo rinso” jare Wonokairun njelasno.
â€oeOpoko lho ??” Bunali gak sabar.
â€oeTak peres . . . .”

Sent by: e-Ketawa posted on 17 December 2003